CARUBAN NAGARI-Bengén, ning taun 1513 ana wong Portugis sing aran Tome Pires, nyebuté “Chemano”. Ning buku “Summa Oriental”, Pires nyritakaken teka ning pelabuhan Chemano, pelabuhan paling gedé séjéné Kalapa (Sunda Kalapa).
Waktu semono, pelabuhan séjéné ning lingkungan kono, yaiku Bantam (Banten), Pontang(Pomdam), Cheguide (Cigede), lan Tamgaram (Tangerang).
Tapi wong Portugis séjéné, Joao de Barros, nyebuté “Chiano” utawa “Chenano” (ning buku “Da Asia, Decada IV”, 1615).
Baca Juga:Jalur Pantura Indramayu Terendam, Kemana Perginya Ki Jaka Bajul Sosok Penghuni Aliran Sungai Cimanuk?Cimanuk Meluap, Legenda Tenggelamnya Kerajaan Manukwara
Ana kira-kira, yén pelabuhan Cimanuk iku ning sekitar Désa Pabéan Ilir, Pabean Udik, Pagirikan, lan Pasekan (Kec. Pasekan), sarta Kelurahan Paoman (Kec. Indramayu),. Sebab secara aran-arané parek karo istilah ning pelabuhan, yaiku pungutan ”béa” (Pabéan), kertas ”girik” (Pagirikan), barang-barang sing ”pasek” (Pasekan), lan umah-umah wong sing menggawé ning pelabuhan, Pa-omah-an (Paoman).
Rupané, aran Cimanuk uga pernah katulis ning bukuné wong Cina, tapi ngenggo basa Cina, yaiku Tanjung “Ciao-c’iang-wan”. Iku kecatet ning buku “Shun-feng siang-sung” (Angin Baik sebagai Pendamping), sekitar tahun 1430.
Ning sekitar pelabuhan Cimanuk uga, akiré bisa dideleng anané genah manusa sing dadi sejarah, kayadéné tetenger anané Surya Majapahit sing makam Pangéran Selawé, Desa Dermayu Kec. Sindang (kemungkinan taun 1400-an). Uga, anané petilasan Syeh Datuk Kahfi ning Désa Pabean Ilir, Kec. Pasekan (1420).
Malahan kecatet ning “Babad Dermayu”. Kerna anané wangsit, Wiralodra ngulati kali Cimanuk. Yén Wiralodra iku laskar Mataram sing mélu nyerbu Portugis ning Batavia, perkiraané taun 1600-an. Mataram Sultan Agung nyerang Batavia taun 1628-1629.
Adoh sedurungé, jaré “Naskah Wangsakerta”, ana kerajaan Manukrawa. Putriné, Nilem Sari, dadi permaisuri Wiryabanyu, raja Kerajaan Indraprahasta (kira-kira ning Sumber, Cirebon). Terus lair putri Suklawatidéwi, sing dadi permaisuri Wisnuwarman, raja Kerajaan Tarumanagara IV (434-455). Tapi, naskah kiyen masih durung bisa dadi patokan sejarah.
Cimanuk pancén ramé. Yén dideleng ning alamé, awalé Cimanuk ana ning duwur, yaiku Garut. Sumberané sing gunung Papandayan lan Cikuray Mandalagiri. Awit-awité ciyut, terus mulai amba ning Sumedang lan Majalengka, dadi amba teka ning Dermayu. Malah kali paling gedé ning Jawa Barat sawisé Citarum.
